Senin, 10 Februari 2014

Candraning Pengantin Panggih



CANDRANING TEMANTEN PANGGIH

Swaraning pradangga munya hangrangin, kadi asung pepuji mring pinanganten kekalih murih kang kaesthi dadi kang sinedya teka. Saya caket anggennya sami lumaksana penganten kekalihipun sami pagut tingal. Tempuking pandulu catur netra mahanani rasa geler sanubari, manunggaling rasa tresna lan asih sinurung kasmaran ing panggalih, marmane datan bisa cinitra ing ukara. Panganten kakung putri tumunten sami balang-balangan gantal, ingkang dumadi saking roning sedhah temu rose kalinting tinangsulan lawe wenang, gantal kang kabalangaken panganten putri winastan gondhang kasih, wondene gantal kang kabalangaken panganten kakung winasta gondhang tutur.
Prapteng papaning panggih wus  kacawicaken loro wening munggwing bokor sinebaran puspa triwarna, sekar mawar, sekar mlathi, miwah sekar kanthil, mujudaken satunggaling sasmita menggahing panganten sekaliyan ingkang sampun pinasthi jinudho.
Awit saking karsaning gusti, lamun winawar ing tembung manis saking kedaling kanthi mahanani kumanthil-kanthil beblesing ati.

ATURIPUN PAMBIWARA BILIH UPACARA PANGGIH SAMPUN RAMPUN KALAJENGAKEN UPACARA KROBONGAN.
Para rawuh kakung putri ingkang satuhu luhuring budi. Saparipurnaning upacara panggih punika badhe kalajengaken upacara krobongan, antawisipun timbangan, tandur, kacar-kucur, ngunjuk toya wening dalah dhahar kembul dulang-dulangan.
Katur dhumateng ibu endhang kusumaningrum kersa hamratitisaken. Wekdal kasumanggakaken. Nuwun.

ATURIPUN PAMBIWARA BILIH BESAN SAMPUN RAWUH. TUMENTEN KALAJENGAKEN UPACARA SUNGKEMAN.
Kawistara besanipun Bapak Siswanta inggih panjenenganipun Bapak Purwanta sekaliyan garwa kanthi raharja manjing sarana pawiwahan, sasampunipun ingkang sami mangan bebesanan sami tangkep asta pratandha sampun suka pambagya, nunten kadherekaken lenggah ing palenggahan sacelakipun penganten, ingkang saperlu nampi atur pangabekti saking putra panganten. Kaleksananing upacara sungkeman kula aturaken panjenenganipun ibu endhang kusumaningrum kabyantu penjenenganipun ibu asih ingkang badhe nglolos dhuwung panganten kakung.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar